pidato bahsa jawa bertema menjaga kebersihan lingkungan kelas menggunakan bahasa jawa krama alus (bahasa jawa yang halus)
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Gawea Pidato Bahasa Jawa tema Jaga Karesikan Lingkungan Kelas.
Jawaban
Pendahuluan
Sesorah utawa Pidato yaiku nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah, kanthi tujuwan tartamtu.
Pembahasan
Ing ngisor iki, salah sawijining tuladha sesorah tema njagi karesikan kelas.
Bismillahirrahmanirrahim, Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula kurmati Bapak/Ibu guru Basa Jawi.
Ingkang kawula tresnani para rencang kelas kula.
Ingkang kapisan lan ingkang paling utama, mangga kita sesarengan aturaken puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT, amargi sampun ngunjukaken kanikmatan lan kaberkahanipun kangge kita piyambak sahingga kita saged sesarengan makempal ing panggon puniki ingkang InsyaAllah dimuliakaken kalih Gusti Allah SWT. Aamiin.
Bapak guru lan rencang-rencang ingkang kawula kurmati. Lingkungan menika salah sawijining unsur ingkang penting kangge proses ngangsu kawruh ing sekolah. Menawa lingkungan katon resik, mila proses ngangsu kawruh saged dumados sekeca , lan siswa-siswi atine dumados bungah, sahingga kawruh ingkang dikantosaken saged diterima kaliyan siswa/i kanthi becik lan jelas.
Mula, sampun kedahipun saben komponen sekolah saged njagi karesikan lingkungan sekolah. Sedaya puniki diwiwiti saking salira piyambak, minimal mboten bucal uwuh sak senengipun piyambak, lan ngawiwiti peduli marang lingkungan sekitar menawa wonten uwuh ingkang kacecer.
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge kula lan rencang-rencang sedaya peduli marang lingkungan sekitar utamane lingkungan kelas. Mugi-mugi sesorah kula saged bermanfaat kangge kita piyambak, aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah, Wassalamualaikum Wr.Wb.
Kesimpulan
Pidato yang bertemakan menjaga kebersihan kelas di atas sudah kakak buat menggunakan bahasa jawa krama lugu, sebagian ada yang menggunakan bahasa krama alus, sebagian ada yang menggunakan jawa ngoko.
Pelajari Lebih Lanjut :
- Conto Pembukaan Pidato Bahasa Jawa, waca ing https://brainly.co.id/tugas/658015
- Conto Sesorah Pidato Basa Jawa Tema Pendidikan , waca ing https://brainly.co.id/tugas/15312683
- Tuladha penutup sesorah, waca ing https://brainly.co.id/tugas/6334916
Detail Jawaban
Kelas : XI
Kategori : Sesorah Basa Jawi.
Kode : -
Kata Kunci : Contoh Pidato Bahasa Jawa, Sesorah Basa Jawa, Tema Pendidikan.