Bahasa lain

Pertanyaan

contoh narasi jawa tema anak sekolah

2 Jawaban

  • Contoh Teks Drama Bahasa Jawa

    Kahanan kelas isih sepi wektu Kurnia teka, mung ana Nawan lan Rico wae. Kurnia ndeleng akeh sampah sing semebar neng kelas. Lan dheweke njaluk tulung Rico lan Nawan kanggo ngewangi ngresiki.

    Kurnia  : Hey Rico, Nawan…

    Rico  : Hey ugo Kur..

    Nawan  : Kowe wis ngerjakne PR durung?

    Kurnia  : Uwis lah, Ibuku kan sanuli mriksa PR ku saben dina.

    Rico  : Aku uga wis.

    Kurnia  : Wah, kelas awake dhewe reged pisan ya, akeh sampah dluwang lan plastik. Iki mesti turah sampah wingi.

    Rico  : iya, reged banget. Ning wis ta, mengko uga diresikna ro Pak Amad. Ya ta Wan?

    Nawan  : (mung ngesem)

    Kurnia  : Awake dhewe ora oleh ngandhalake Pak Amad Rico, kan awake dewe sik ngegeti. Sakudune awake dhewe sing ngresikna.

    Rico  : ning ta pagawean pak Amad nyat resik-resik.

    Kurnia  : Iya pancen, nanging awake dhewe kudu sinau mandiri, awake dhewe ugo isih bisa ngresikna iki bebarengan karo kanca sing liya.

    Rico  : ah aku males.. kana kowe wae Kur

    (nuli teka Nur Hadi lan kanca sing liya)

    Nur Hadi : ana apa sih iki, kok esuk-esuk wis pada rebut?

    Kurnia  : Galo Nic, Rico ora gelem ngewangi ngresikna kelas awake dhewe, padahal kan awake dhewe sing ngregeti.

    Nur Hadi : Kan wis ana Pak Amad, dadi nggo ngapa awake dhewe sing repot Kur?

    Rico  : Nah ta, bener tembungku Kur. Ra ngandel ya kowe ro aku?

    Kurnia  : Ah kowe ki padha wae, ya wis yen ora gelem ngewangi.

    (contoh teks drama bahasa jawa tema pendidikan- Kurnia njupuk siji poro siji sampah sing ana neng kelas karo laci meja bareng pira-pira kancane sing neng kelas kajaba Rico lan Nur Hadi. Nuli ora suwe teka Ana lan kanca sing liya)

    Ana  : Sugeng enjing kabeh..

    Kabeh  : Sugeng enjing ugo na..

    Ana  : Lho, Nur Hadi lan Rico ngapa ora ngewangi Kurnia lan kanca-kanca kanggo resik-resik?

    Rico  : Kan aku wis kandha, kuwi ben diresikna Pak Amad wae, panjaga sekolah awake dhewe.

    Nur Hadi : Iya, meneh uga ta tugas awake dhewe sinau, iya ta Rico?

    Rico  : Bener banget kuwi.. setuju pokoke!

    Ana  : Tapi kan iki kelas awake dhewe, awake dhewe wajib njagane bareng uga.

    Kurnia  : wis ta An, aku wis omong ngono nang dekne kabeh, ning dekne kabeh ora gelem ngrungokake kok.
    Ana  : Ben mengko dekne kabeh kuwi didukani pak guru Kur.

    Kurnia  : iya bener…

    (selanjute ana contoh teks drama bahasa jawa tema pendidikansakwise resik-resik buyar, bel banjur muni, lan murid banjur linggih neng palungguhan dhewe-dhewe. Ora suwe pak guru banjur rawuh lan mlebet menyang kelas)

    Pak guru : Sugeng enjeng anak-anak…?

    Murid  : Enjing Pak Guru…

    Pak guru : Yo, sadurung nganyak piwulang dina iki, awake dhewe doa dhisik.

    Salah sawong mangarepi doa, lan kelas dadi tenang.

    Pak guru : Saiki piwulangan bisa anyak diawiti. Dina iki awake dhewe bakal sinau ngenani keresikan. Anak-anak mesti wis ngerti ta apa kuwi keresikan?

    Kurnia  : Ngerti pak, tembung ibuku, keresikan kuwi sakanggonan saka pangandel pak.

    Ana  : Keresikan kuwi penting kanggo njaga kawarasan awake kita pak.

    Pak guru : Bener pisan. Dadi keresikan kuwi sakanggonan saka pangandel, amarga pas awake dhewe mangandel marang Tuhan, mula awake dhewe kudu njaga keresikan, becik saka keresikan awak ugo  lingkiungan sekitar.

    Nur Hadi : Yen kagem njaga kawarasan pak? Awake dhewe pun resik kadang uga tasih lara?

    Rico  : Enggeh pak, kadang pun resikan, nanging tetap mawonlara flu, watuk, demam, malaria, lan sing sanese.
  • Senajan nyekel buku wae ngantuk
    Gayane nyekel rokok neng ngarep kanca-kanca
    Ben diarani sangar
    Metu bengi-bengi jalan-jalan karo pacar
    Ben diarani payu
    Nanging ana krenteg atine
    Pengen banget bisa sukses
    Isa oleh ipk kumlot
    Isa gage olih kerja sing bener
    Kuwi awakmu nang
    Kang ora bisa nahan nafsu senenging donya
    Nanging aku salah
    Awakmu iki
    Saiki wis isa nahan nafsu senenging donya
    Lan padhanging donya isa katon ing mripatmu
    ..MAAF KALAU ADA SALAH TULIS

Pertanyaan Lainnya